DINTEN DUMADOSIPUN KABUPATEN SLEMAN KAPING 100
PUJO HASTUNGKORO
SMP MUHAMMADIYAH 1 KALASAN
Dening: Siti Nurjanah.
Wonten ing ari Senen Legi punika, kawula sedaya warga SMP Muhammadiyah 1 Kalasan minangka titah ingkang cinipta awit kuwaos Paduka Allah Ta’ala ingkang nyawiji ing papan puniko SMP Muh. 1 Kalasan sesarengan anglairaken raos syukur awit sedoyo peparing Paduko.
Ya Allah, Ya Rahman Ya Rahim
Inggih namung awit kamirahan saha welas asih Paduka kawula sedaya saged angadani upacara Dinten Dumadosipun Kabupaten Sleman kaping 100 (satus) warsa 2016 (Rong Ewu Nembelas) ing enjang puniko………. pramilo ya Allah, mugi Paduka kersa paring ridha saha anampi raos syukur kawula sedaya.
Ya Allah Pangeran Kawulo
Mugi Paduko kersa paring pangayoman dhumateng kawula sedaya warga Sleman tansah paring kekiyatan lahir saha bathos dumatheng kawula sedaya warga Sleman paring bimbingan saha pitedah dumatheng kawula sedaya warga Sleman sahinggo sedaya lampah kawula tansah pinayungan barokah lan ridha Paduko.
Duh Allah, Pangeran Ingkang Maha Mirah Lan Maha Asih,
Mugi Paduka paring kanugrahan ingkang anumusi dumateng kawicaksanan menggahing
para pangembating praja sahingga saget mahanani kamakmuraning masyarakat, lahir
tandesing bathos, donya dumugining akherat.
Duh Allah, Pangeran Kawula,
Estu-estu kawula nyuwun pangayoman wonten ing ngarsa Paduka saking sedaya kasangsaran, sae lahir punapa bathos, ingkang saget nrenyuhaken jiwa lan manah, lan
mugi katebihna saking sifat-sifat ingkang bekta dateng kawontenan ingkang ino, sarta
tumetesing takdir awon, awit inggih namung Paduka duh Allah, Pengeran kawula ingkang maha kuwaos ing samukawis kedadosan lan kawontenan ing samudayanipun.
Ya Allah, Ya Malik Ya Aziz
Kawula nglenggana bilih kawula punika ringkih tur tanpa daya……… namung Paduka ingkang
amurba amisesa sedaya ingkang rumentah sak indenging jagad rad pramudita…………. pramila kita dhedhepe saha sumarah dhumateng panguwaos Paduka.
Ya Allah, Ya Ghaffar Ya Latif
Kawula nglenggana sampun kathah dosa lan kalepatan, sampun kathah damel karisakan ing bumi Paduko……… pramila ya Allah…………. mugi Paduka kersa paring aksama awit sedaya lepat saha dosa kawula, dosa sederek lan leluhur kawula, lan dosa para pangarsaning negari kawula.
Ya Allah, Pengeran Ingkang Maha Agung
Mugi kersoa anampi dateng panyuwunan kawula, ingkang boten sisip saking pakertining agesang ingkang pangeran ridhai.
Duh Allah, mugi angluberna samudra pangaksami Paduka dateng kula sedaya ing perkawis-perkawis sarta tumindak ingkang boten mracihnani, dumateng bebrayaning masyarakat kawula, lan anebihna saking kawula perkawis-perkawis ingkang saget angrisak karukunaning masyarakat. mugi Paduka anampi panyuwunan kawulo punika.
رَبَّنَا آَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَتَةً، وَفِى الْآخِرَةِ حَسَتَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبّ الْعَالَمِيْنَ